Sunday, October 11, 2015

Lir ilir

Lir ilir lir ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo royo
Tak sengguh temanten anyar

Bocah angon, bocah angon
Penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna
Kanggo mbasuh dodotira

Dodotira dodotira
Kumintir bedah ing pinggir
Dondomana, jlumatana
Kanggo seba mengko sore

Mumpung padang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo surak'o surak hiyoo

 

Syair Lagu Anak Copyright © 2011 Designed by Ipietoon Blogger Template and web hosting